*pepatah jowo*
*PRATONDHO*
*Soko Rogo*
Yèn sliramu tuwo terus *ompong*. Iku pertandhanè sedhèlo manèh bakalè *ngerong*.
Mulanè urip ojo dadi wong *sombong*. Mengko kabèh amalè iso *kobong*.
Yèn sliramu tuwo tambah *kisut*. Iku pertandhanè sedhèlo manèh mlebu luwèng *ciut*. Mulanè urip ojo *lacut*. Anggonè maksiat ojo *kebacut*. Lan ojo *dilanjut*.
Yèn sliramu tuwo terus rambutè *putih*. Kuwi mertandhanè yèn sedèlo manèh bakalè *mulih*.
Mulanè yèn urip sing ikhlas ojo tansah *pamrih*. Ngèlingono nyowo iki amung *nyilih*.
Yèn sliramu tuwo terus mripatè *rabun*. Iku mertandhani nyowo wis cedhak *ubun-ubun*.
Yèn sliramu tuwo terus *wungkuk*.Kuwi mertandhanè yèn urip kari *sèsuk*. Karo peraturan Agama kudu *tundhuk*.
Yèn sliramu tuwo terus wetengè *gendut*.
Dudu kok mergo isinè *welut*. Ayo podho nyuwun pangapuro sedoyo laku sing *luput*.
Bèn ikhlas yèn sak wayah-wayah nyowo iki *dipundhut*.
Yèn sliramu tuwo untunè akèh sing *ucul*.
Kuwi mertandhani nyawa sedhèlo manèh bakal *mumbul*. Mulanè njaluk pangapuro sakdurungè *dipikul*. Ora iso ngibadah yèn awak wis dipendhem nganggo *pacul*
*Ayo dulur mugo mugo kanthi nyambung silaturahim, biso tukul amalan kang becik.......*
*Aamiin...*😊😊💐

No comments:
Post a Comment